PUCUNG
- Anenuwun
Nuju
enggal ingkang taun
Cipta ning
kang rasa
Rina wengi
amemuji
Kaki nini
kang dadya tepa tuladha
- Dipun tiru
Tindak
tanduk kang satuhu
Satuhuning
watak
Watak
wantuning ngaurip
Lila
legawa ing driya tapa-brata
- Putri kakung
Dhudahi
piwulang luhur
Jiwa mrih
wijaya
Ya
wijayaning ngaurip
Nyuda
dhahar guling sarta tindak murka
- Mung tumuju
Gegulang
urip kang lugu
Budhi
kantentreman
Thetenguk
kanthi semedi
Ngudi
tentrem lair batining ngagesang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar