Kanthi
sumunaring lampu,
Amadhangi
kanan kering,
Sowan
hamba mring Hyang Suksma
Mugi-mugi
amaringi
Pajaring
manah kawula
Mung
saking Hyang Maha Suci.
Sang
Budha titah pinunjul
Wicaksana
lair batin
Tinampia
ingkang tirta,
Minangka
sembah myang bekti
Mugi
peparinga welas
Lir
tetesing toya jati.
Sang
Budha titah pinunjul
Wicaksana
lair batin
Tinampia
ingkang boga,
Kanthi
renaming kang galih
Mugi
peparinga welas
Lir
tetesing boga jati.
Kanti
ganda sekar arum
Angambar
ameratani
Sinembah
pada Sang Budha
Pada
lir saroja suci
Minangka
bekti kawula
Kasampurnan
munggwing mami
**Raga
mesti nedya lebur
**Kadya
sekar kang sinaji
**Layon-layon
sami sirna
**Sirnaning
raga sejati
**tatas
tapis tanpa tilas
**Mulo
ayo amemuji
Kukusing
dupa kumelun,
Ganda
arum meratani
Raosing
bekti kawula
Sun
pepuji siyang ratri
Kang
pantes sinudarsana
Kawicaksanan
ngayomi
Artikel keren lainnya:
Belum ada tanggapan untuk "CAKEPAN SEKAR KINANTHI INGKANG KANGGE PUJA-PUJI SESAJI (Parita Jawa)"
Posting Komentar