Kinanthi berarti bergandengan, teman, nama zat atau benda , nam bunga.
Sesuai arti itu, tembang Kinanthi berwatak atau biasa digunakan dalam
suasana mesra dan senang.
1.
Nalikanira ing dalu
Wong
agung mangsah semedi
Sirep
kang balawanara
Sadaya
wus sami guling
Nadyan
ari sudarsana
Wus
dangu nggenira guling
2.
Kukusing dupa kumelun
Ngeningken
tyas kang apekik
Kawengku
sagung jajahan
Nanging
saget angikipi
Sang
resi kaneka putra
Kang
anjog saking wiyati
3.
Kagyat risang kapirangu
Rinangkul
kinempi-kempit
Duh
sang retnaning bawana
Ya
ki tukang walang ati
Ya
ki tukang ngenes ing tyas
Ya
ki tukang kudu gering
4.
Teka ndadak melu-melu
Kaya
budine wong ceplik
Lali
yen kalengkangningrat
Ing
bawana amurwani
Mustikaning
jagad raya
Dhemen
lalen sangga runggi
5.
Sun iki ngembani wuwus
Dewa
sang Hyang Hodipati
Bathara
sukma kawekas
Sira
ingkang den paringi
Nenggih
maosadi lata
Panguripe
wong sabumi
6.
Punapa tamirah ingsun
Prihatin
was pagung mijil
Tuhu
dahat tanpa karya
Sengkang
rine mekan Gusti
Gelung
rinusak sekarnya
Sumawur
gambir melathi
7.
Midering rat angelangut
Lelana
njajah negari
Mubeng
tepi ning samodra
Sumengka
anggraning wukir
Anelasak
wana wasa
Tumuruning
jurang trebis
8.
Giwanging surya mbok gunung
Teki
kang pindho wlingi
Tan
gumingsir prapteng pejah
Mung
sira kang condhong budi
Peksi
reng mangsa kunarpa
Sun
dhandhang dadiya krami
9.
Sulung enjang dhuh mbok gunung
Pustaka
pinudyeng krami
Ngur
matiya raganingwang
Lamun
tan bisa karonsih
Ancur
kaca dhuh bandara
Kang
dadi rasaning ati
10.
Bokor siti dhuh mbok gunung
Agawe
cuwaning ati
Cirak
arga munggwing wana
Krawitan
selehing gendhing
Durung
tutug jejagongan
Kasusu
tinundhung mulih
Artikel keren lainnya:
Belum ada tanggapan untuk "Sekar Kinathi"
Posting Komentar