Ngelmu iku : kalakone kanthi laku,
Lekase lawan khas,
Tegese khas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.
***
Angkara gung; neng angga nagging gumulung,
Gegolonganira,
Tri loka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
***
Beda lamun; wus sengsem rehing ngasamun,
Semune ngaksama,
Sesamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi marta tama.
***
Taman limut; Durgamengtyas kang weh limput,
Kereming karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing Suksma ngerda sahardi gengira.
***
Yeku patut; tinulat-ulat tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Keh pra Mudha mundhi lapal makna.
***
Durung pecus; kasusu kaselak besus,
Amaknani lapal,
Kaya Sayid weton Mekkah,
Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma.
***
Kang kadyeku; kalebu wong ngaku-aku,
Akale alangka,
Elok jamane den mohi,
Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah.
***
Nora weruh; rosing rasa kang rinuruh,
Lumebeting angga,
Angger padha marsudi,
Kana kene kahanane apa beda.
***
Uger lugu; den ta mrih pralabdeng kalbu,
Yen kabul kabuka,
Ing drajat kajating urip,
Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata.
***
Basa ngelmu; mupakate lan panemu,
Pasahe lan Tapa,
Yen Satriya Tanah Jawa,
Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara.
***
Lila lamun; kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Saserik sameng dumadi,
Tri legowo nalangsa srah ing Bathara.
***
Bthara Gung; inguger graning jejantung,
Jenek Hyang Wisesa,
Sanapa senetan Suci,
Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara.
***
Nora wus; kareme anguwus-uwus,
Uwose tan ono,
Mung janjine muring-muring,
Kaya Buta buteng betah nganiaya.
***
Sakeh luput; ing angga tansah linimput,
Linimpeting sabda,
Narka tan ana udani,
Lumuh ala hardane ginawe gada.
***
Durung punjul; ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
***
Lamun dalu; Saben arsa mapan turu
Wektu kang prayoga
Mulat mring laku kang uwis
Dina mau apa kang wus dipun karya
***
Pra sedulur
Na ing jaman mangkya
Marang panggayuh utami
Tumrap gesang ana alam pasrawungan
***
Bapak pucung biasane saka kayu
Awujudmu kothak
Iku kanggo adah klambi
Biasane si pucung ana ing kamar
***
Cangkemmu madhep manduwur,
Sabamu ning sendhang,
Pencokanmu lambung kering,
Prapteng wisma si pucung mutah guwoyo
***
Bapak pucung
renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula.
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pucung mung turut kutha
Belum ada tanggapan untuk "Sekar Pucung (Lengkap)"
Posting Komentar