UJUB
A.
UJUBING SESAJI
1.
PANCAKA/ LILIN/ GENI
Makantar-kantaring huruping pancake inggih geni maju
sekawan. Sarana makantar-kantar pancake inggih geni, mugi Hyang Maha Suci
paring pepadhang. Dene pancake wau ginagangan rupi abrit-pethak; abrit wahyu
saking Biyung, pethak wahyu saking Bapa
2.
TOYA WENING
Sarana sesaji toya wening ingkang lenggah maju sekawan mugi
Hyang Maha Suci tansah paring weninging cipta rasa lan karsa
3.
WOHWOHAN (buah)
Sarana sesaji boga ingkang dumadi saking pala gumantung,
ingkang mengku teges; beja lan cilaka manungsa niku hamung gumantung dening
Hyang Maha Suci, inggih Ingkang Akarya Jagad, naming titah wenang mbudidaya
supados rahayu. Dening sarining boga katur dhumateng Guru junjungan kita
ingkang sampun lenggah ing Swarga Tusita, mugi paring pangayoman. Dene pisang
satangkep; tangkeping rasa tresna dhateng Ibu Pertiwi ingkang tansah paring
rejeki, Bapa Kuwasa paringa Nugraha
4.
SEKAR
Sarana sesaji sekar abrit pethak ingkang tinata
atepung-atemu gelang mugi ingkang Akarya Jagad tansah paring nugraha dhateng
kawula. Mugi tansah paring aruming nama kadya aruming sekar kang sinaji. Dene
sekar abrit mengku teges tresna (welas-asih) pethak mengku teges suci.
5.
BOGA
Sarana sesaji boga ingkang dumados
i.
Tumpeng Margana;
Mencep-menceping sedya kawula, ingkang dipun ubarampeni
tigan kambangan bilnelah dados kalih, ingkang katon bunder kepleng, kuning
inggih kawicaksanan, winengku ing pethak kasucen, lan cinangkoking biru
kantentreman. Mugi kawulan tanpa paringa kawicaksanan, kasucen lan katentreman
lair dumugining batin.
ii.
Tumpeng Surya Ndadari;
Minangka pralambang pralampita pandadaring gesang punika
mrangguli pait, getir, pedes, asining gesang, mugi tansah pikantuk’a sinaring
kawicaksanan.
iii.
Tumpeng Wajar (seger);
Sarana sesaji tumpeng seger punika kangge milujengi ingkang
taksih ngembat ayahane kuwajiban mugi tanpa manggiha suka, seger, senggang
saking sesakit winahyu ing karaharjan.
Yogya,
yogya, yogya
Artikel keren lainnya:
Belum ada tanggapan untuk "UJUBING SESAJI"
Posting Komentar